Selasa, 28 April 2009

CRITA LUCU BASA JAWA

Basa Inggrise Nyamikan

Panggonane guruku mulang saben sesasi sepisan ing dina setu nganakake diskusi deneng para kanca dijuluki Wacana Seton. Saupama bab iki digathukake karo paribasan ''Belo Melu Seton'' sajak ana empere ngelingi sing ambyur ing kono para guru mudha taruna sing durung akeh pengalamane.
Ing sawijine kalodangan rikala diskusi digelar kabeneran pangarsa pamulangan nampa tamu priyo bule cacah loro saka negara landa sing wis bisa cara indonesia sanajan granthul-grathul durung lancar, lan gelem melu ambyuk ana diskusi. Bab ndudekake tambah gayenge swasana.
Ana salah sawijine kanca guru sing seneng urakan lungguh jejer karo sitamu bule kaapit karo guruku. Diskusi wis kawiwitan prayata para kanca guru katon goyeng krana diestereni deneng tamu bule. Pasugatan wujut dos cilik isi nyamikan lan unjukane wiwit didum sarana ulung-ulungan kaya estafet kae. Nalika ngulungake dos marang tamu bule sing lungguh ana jejere kanca guru urakan mamerake basa inggrise karo ngomong: ''Do you like snake ?'' cara jawane: ''Opo kuwe doyan ulo?'' Mesti wae sibule njomblak karo mangsuli setengah ngguyu:''You mean snack?'' cara jawane:''maksudmu nyamikan?''.
Krungu tembung ngono iku siurakan kok ora ngeti yen keliru ucapane malah mangsuli kanthi ayem wae :''Ya ya you snack I snake''. Bule loro lan kanca-kanca sing krungu ngguyu pating cekikik karo diempet. Jalaran para kanca paham yen snake iku tegese ulo, dene snack tegese nyamikan. Ucapane beda tegese ya beda adoh banget.
Malah bule sijine melu nimbrung nganggo basa indonesia grathulan yen yen dijawaake: ''Snack iku bakal kita cokot, Yen snake kita bakal dicokot'' Gerrr, para kanca ngguyu bebarengan.
Ula(Snake) kok ditawakake tamu sing kudune nyamikan(Snack). Dhasar urakan ndableg ora urus. Apa tumon?

Selasa, 17 Maret 2009

TOKO SERBA ADA

Telah dibuka Sebuah Toko Serba Ada yang dibangun diatas area yang sangat luas. Toko tersebut berbentuk ruko dengan berbagai fasilitas didalamnya. Mulai dari pusat perbelanjaan, fasilitas warnet, tempat ibadah, rental PS, sarana olahraga (fitnes) dan pelayanan yang memuaskan para pelanggan.